Basa Lisan
Basa lisan yaiku basa kang digunakake utawa diandharake sarana lisan, diwatesi anane empan-papan(wektu lan panggonan). Penganggone basa lisan tujuwane kanggo nggampangake wong sing ngomong(nggunakake).
Titikane basa lisan yaiku:
- Ana sing guneman utawa caturan kanthi adu-arep. Mbutuhake tekane wong sing ngomong lan sing diajak ngomong
- Unsur gramatikal(pandhapuke ukara) ora kapratelakake kanthi jangkep
- Kaiket konteks papan lan wektu
- Pangetrape kasengkuyung intonasi, ekspresi, lan swasana
Kaluwihane basa lisan:
- Bisa manut marang kahanan
- Luwih efisien(luwih praktis panganggone) merga ngepasake
- Gampang dingerteni amerga wong sing ngomong nambahake tekanan lan nada nalika ngomong, uga dikantheni obahing awak, supaya sing diajak ngomong ngerti apa sing diomongake
- Bisa luwih cepet anggone ngomong, nyocogake karo reaksi saka mitra wicara
- Luwih bebas amarga ora diwatesi paramasastra
Kurange basa lisan:
- Ukarane ora jangkep, kadhang mung arupa frasa sing prasaja(sederhana)
- Wong sing ngomong asring mbaleni omongane
- Ora kabeh wong bisa ngecakake basa lisan kanthi becik
- Basa sing digunakake ora manut paugeran baku
Tuladhane basa lisan:
- "Yen ra takbaleke, kowe arep ngapa."
- "Ngene ki marahi tuman.Gawe bingunge wong tuwa ae."
- "Wis kana gek mangan menyang mburi."
- "Nek isa diwehi saiki ae, merga dhuwite selak nggo blanja."
Comments
Post a Comment