Geguritan



Tembung “geguritan‟ asale saka tembung gurit kang ateges gubah, karang, sadur. Yen ing kamus umum Bahasa Indonesia diterangake ‟geguritan‟ iku asale saka tembung gurit kang ateges sajak utawa syair (Poerwadarminta, 1986 : 161).

Miturut Hadiwijaya (1967 : 129), Geguritan yaiku : golongane sastra kang edi (puisi) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kalair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora usah kecancang ing pathokan-pathokan, wilangan, dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipate tembang macapat lan sapanunggale.

Miturut Subalidinata (1999), geguritan yaiku : iketane basa kang memper syair, mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Dudutan: geguritan yaiku jenise puisi Jawa gagrag anyar sing panulise ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat (yaiku anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu), nanging tetep ngugemi kaendahan.

Puisi Jawa gagrag anyar (sabanjure aran geguritan), panulise bebas. Tegese ora kaiket dening aturan tartamtu. Ewa semono isih tetep ngugemi ananing rasa kaendahan. Endahe geguritan dumunung ana ing pilihan tembung pantes, mentes, lan mantesi. Geguritan ora padha karo tembang macapat kang isih kaiket guru lagu, guru wilangan lan guru gatra.

Carane niteni titikane unsur kebahasaane geguritan yaiku : basane endah, mentes, lan mantesi sarta migunakake tembung Kawi (Jawa Kuna). Sok-sok tinemu tembung dasanama, tembung entar,
purwakanthi, pepindhan,tembung saroja,lan sapanunggalane.




Comments

Popular Posts