Teks Laporan Kegiatan
Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung dileksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa klompok manut kabutuhan.
Tujuwan panulisan laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-temen dileksanakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang pawongan utawa lembaga sing menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dimangerteni sapa wae.
Struktur teks laporan kegiatan:
1. Pambuka
Bagean pambuka minangka perangan utawa bagean teks sing nerangake lelandhesan (latar belakang) lan tujuan dianakake kegiatan. Yen ana lelandhesan aturan sing dienggo, lelandhesan kasebut kudu ditulis.
2. Isi
Bagean utawa perangan isi teks mujudake wosing teks.
3. Panutup
Bagean utawa perangan panutupe teks mujudake simpulan laporan. Ing bagean panutup bisa ditambahi panyaruwe utawa saran tumrap lumakune kegiatan, ing pangangkah kegiatan sing dianakake ing wektu candhake lumaku luwih apik.
Bab-bab sing kudu digatekake sajroning nulis laporan kegiatan:
(1) Teks laporan kegiatan ditulis sawise nindakake kegiatan. (2) Nulis laporan kegiatan kudu migatekake struktur teks. (3) Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing wis direkam utawa ditulis nalika nindakake kegiatan. (4) Nulis laporan kegiatan kudu runtut kareben gampang dimangerteni. Supaya runtut mula gunakna pitakonan kang nganggo unsur 5W lan 1H.
Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan:
1. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang.2. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.
3. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane
4. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu.
5. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan.
6. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.
"Laporan kegiatan sing apik yaiku laporan kang isine ngandharake utawa nyritakake kanthi cetha, gamblang, lan gampang dingerteni dening sapa wae kang maca. Kanggo nulis laporan kegiatan sing apik kudu gawe cengkorongan luwih dhisik."
Comments
Post a Comment