Model Penulisan Geguritan



“Isi sajroning guritan saka wedharan pengalaman nyenengake utawa pengalaman ora nyenengake. Pengalaman iku bisa wae minangka pengalaman pribadi utawa pengalamane wong liya, kang diweruhi dhewe kedadeyane, utawa olehe ngrungokake / maca saka crita / pawarta.”


Model panulisan geguritan

  1. Model Jeneng 

Nulis nulis guritan kang pangrakite saben ukara diwiwiti saka aksara-aksara jenenge wong kang arep dianggo nulis guritan iku mau. Aksara-aksara mau panatane mudhun jalaran kanggo miwiti  medharake gagasan ing saben ukara (larik).

Tuladha:

PRANAWA

  1. Model Definisi

Negesi utawa njlentrehake angen-angen kang arep didadekake guritan. Sadurunge kudu wis ditetepake apa sing arep dadi wedharan mengkone. Ukara-ukarane kanggo nuduhake manawa iku wujud wedharan tansah migunakake tembung YAIKU.

Tuladha :

Kang didadekake lesan (Obyek) utawa kang bakal Mlathi dadi wedharan “Mlathi”.

  1. Model Wedharan

Guritan kang surasane njlentrehake/nggambarake endahe kahanan sawijining papan. Biasane kang dadi underan guritan model wedharan

kayadene : alam pagunungan, pasawahan, grojogan, wadhuk, lsp.

Tuladha:

  1. Model Bebas

Guritan kang medharake rasa-pangrasa kang metu saka telenging atine pangripta jalaran rumangsa jengkel, kuwatir, prihatin, seneng, kasepen, susah, lan liya-liyane.




Comments

Popular Posts